BAB 1
PURWAKA
Basa Jawi wonten era globalisasi perkembanganipun sampun pesat. Basa Jawi dipunginakaken dening sedaya lapisan masyarakat,dening tiyang nem, sesepuh, pemudha-pemudhi, uga lare-lare alit. Sedaya punika kedah mangertos kepripun cara ngginakaken, ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan karma inggil. Kepripun bahasa tiyang nem kaliyan tiyang sepuh, lare kaliyan tiyang sepuhipun, lare kaliyan lare kedah leres lan mangertos konteksipun.
Wonten pendidikan basa khususipun ing SD kelas 5, kedahipun sedaya siswa sampun saged ngginakaken konteks basa kanthi leres, saged nyerat aksara jawi, nyekar salah satunggaling tembang macapat lan tembang dolanan. Kangge mbiyantu pendidikan basa jawi siswa kelas 5 SD, maos, micara, nyerat, nyemak kanthi leres, ugi siswa saged ngapresiasikaken sastra jawi kanthi lancar lan leres dipunsusun makalah punika wonten sakjabaning tugas mata kuliah bahasa jawi ingkang dipunasta dening Bu Sri Sukasih.
Tujuan panyeratan makalah punika supados siswa saged nampi piwulang kanthi tepat, materinipun (maos, micara, nyerat, nyemak) lan ngginakaken basa Jawi kanthhi trep. Siswa ugi saged ngapresiasikaken sastra Jawi kanthi lancar lan leres saenggo indikator lan kompetensi dhasaripun saged dipunkuaos saenggo siswa saged njangkepi 3 aspek inggih punika afektif, kognitif lan psikomotor.
Ingkang dados permasalahan wonten makalah inggih punika’’Materi pundi kemawon ingkang sampun cocok kanggo siswa kelas 5 SD ?’’
BAB II
SURASA
MICARA (GUNEMAN)
Kompetensi Dasar : Mraktekaken drama cekak lan peranganipun drama ingkang trep kaliyan lare
Indikator:
1. Ngucapaken pacelathon ngantos jelas lan lancar
2. Nyimpulaken watak tokoh
3. Mraktekaken tokoh trep kaliyan watakipun
Tuladha :
Nalika bocah lagi bubar ngaso ana salah sijining bocah sing bengak-bengok.
Adi :’’He, karepe piye iki? kelas wis disapu ko diregeti maneh?’’
Ani :’’Di, aku ora ngreti, kowe aja ngarani aku!’’
Adi :’’Aku ora ngarani kowe, aku mung kepengin weruh sapa sing
ngregeti.’’
Ani :’’Lha ngapa ta, ndadak pengin weruh? koksapu maneh rak wis
bar!’’
Adi :’’Enake! Aku ki piket dina iki. Mengko yen bu Guru pirsa sapa
sing didukani?’’
(Dumadaken Bu Guru rawuh)
Bu Guru:’’Ana apa ta? kok seru-serunan olehe ngomong?’’
Ani :’’punika lho Bu, Adi nesu amargi kelasipun dipunregeti malih.
Kamangka Adi piketipun.’’
Bu Guru;’’Bocah-bocah, wis bola-bali Bu Guru ngendika, yen mbuwang
regedan ing papanne.Ngene iki rak ya ngrekasakake sing
piket.Nah, saiki kabeh ndungkluk, sing weruh regedan
banjur age-age njupuk regedan kuwi lan buwang ing
papanne.’’
Adi :’’Maturkesuwun Bu, kula mboten perlu piket malih.’’
Bu guru:’’Ya wis, saiki diterusake pelajarane.’’
Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.
MAOS
Kompetensi Dasar : Maos kanthi paham
Indikator:
1. Mangsuli pitakonan wacan
2. Nyimpulaken surasa wacan
3. Nyariosaken maneh surasa wacan
Tuladha :
Antasena Takon Bapak
Raden Antasena wiwit cilik mapan ing Gisik Narmada.Bebarengan karo Dewi Urang Ayu, ibune lan Hyang mintuna, eyange. Sanajan mapan ing papan kang swasanane tentrem ing sungapane tempuran Bengawan Gangga lan Serayu sarta Ibu lan Eyange sabar nggulawentah, isih ana rasa sing ngganjel.Raden Antasena kepengin weruh lan ketemu bapake.
‘’Antasena dedeg-piadegmu dhuwur, gagah prakoso, duwe kuku pancanaka, sliramu ora beda karo bapakmu, ya Raden Werkudara,’’ Ngendikane Ibune.
‘’Sakpunika Rama Werkudara wonten pundi bu?’’ pitakone Antasena ngangseg.
‘’raden Werkudara iku satriya Pandhawa kasatriyane Jodhipathi.yen sira pengin ketemu kudu enggal mrana.’’
Antasena banjur nyuwun pamit arep nggoleki bapakke, ora lali Dewi Urang Ayu maringi cupu Madusena kang bisa nambani tatu lan nguripake wong sing mati.
Nalika semana Prabu Gangga Trimuka raja Negara Dhasar Samodra kasil mikut pandhawa lan arep kanggo tumbal negarane. Pandhawa dilebokake ing konggedah (wewangunan saka kaca) saengga mati keplepeg. Kebeneran Antasena mlaku turut kali lan teka ana Negara Dhasar samodra, bareng weruh wong lima iku mau ana jero kaca, dheweke menehi petulungan.wong lima mau ditetesi banyu cupu Madusena mau lan urip maneh.Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu tansah mamanuki lelakune Antasena, mula bareng ketemu karo Pandhawa diterangake yen Antasena iku putrane Werkudara. werkudara gelem nampa.
Samodra banjur disat dening Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu.Bima lan Arjuna banjur ngrabasa Negara dhasar Samodra. prabu Gangga Trimuka mati ing sakjroning paprangan.
Katrangan tembung:
Mikul : nyekel (menangkap) Sungapan : muara
Tumbal : kurban Ngrabasa : nyerang
Keplepeg : ora bisa ambekan
Ngangseg : ndheseg,nggesuk (mendesak)
NYEMAK
Kompetensi Dasar: mirengaken pesen langsung utawi ngagem telepon
Indikator:
Nyatet isi pokok pesenipun
Ngaturaken pesen ingkang dipuntampi kanthi langsung kaliyan mboten langsung ngagem basanipun piyambak
Tuladha :
Mirengake pacelathon ngagem telepon wonten mandhap!
Pak Rudi : ’’Halo!sugeng enjang.’’
Edi : ’’Sugeng enjang’’
Pak Rudi : ’’Punapa leres punika Pak Agus?’’
Edi : ’’Oh sanes, kula putrane, punika sinten nggih?’’
Pak rudi : ’’Pak Rudi,punapa saged matur kaliyan Pak agus?’’
Edi : ’’Nuwun sewu, Bapak dereng kondur, wonten kersa punapa
pak?’’
Pak Rudi : ’’Ngeten Mas, kula pesen kemawon mbenjang dinten senen
tanggal 7 Agustus jam sanga, bapak dipunaturi dhateng
Puskesmas Kertasana saperlu nampi pengarahan
penyemprotan nyamuk demam berdarah.’’
Edi : ’’Senen nggih pak?’’
Pak Rudi : ’’Inggih Mas, tulung aturaken marang Bapak. Maturnuwun
Mas.’’
Edi : ’’Inggih Pak, sami-sami.Mangke kula aturaken.’’
Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.
NYERAT
Kompetensi Dasar : Nyetrat kanthi leres
Indikator:
Njangkepi karangan kang during rampung
Nyusun cengkorongan karangan kang sampun wonten ing ragam tulis
Nyerat aksara lan angka jawi kanthi leres
Tuladha :
Karangan sing during rampung iki rampungna !
Kanugrahaning Gusti sing paling gedhe yaiku…(1) Kanggo mujudake awak kang sehat bisa kanthi cara njaga…(2) Karesikan iku bisa karesikaning (3)…(4)…,(5)…
Yen kahanan kaya mengkono iku wis…(6) ora aneh yen kabeh…(7) bisa ngrajakake urip kang…(8) Mula ayo padha ningkatake anggone njaga…(9) supaya…(10)
Gawekna karangan kanthi cengkorongan ing ngisor iki !
Pak Sumina susah. Kaluwargane pak Sumina lagi padha susah. Susahe ora amarga ora bisa mangan.Nanging susahe amargi putrane ingkang aran Bayu lara wis pirang-pirang dhina. Dipriksakke menyang dhokter jebul lara sing angel ditambani. Pak Sumina saben dhina menggalih piye carane olehe tamba, mangka dhuwit ora ana.
Aksara lan Angka Jawa
a) Aksara jawa
Aksara jawi wonten nginggil dipunwastani aksara legana utawi aksara wudha during ngagem sandhangan utawi pasangan.
Tuladha : Padha Jaya =
Sandhangan:
Ingkang mboten pareng dipunpepet inggih punika aksara ‘’ra’’ lan ‘’la’’ amargi : ‘’ra’’ digantos ‘’pa ceret’’ : lan ‘’la’’digantos ‘’nga lelet’’ :
Tuladha :
Sapi =
Coro =
Sate =
Peso =
Sandangan panyigeg utawi paten :
1. Layar munine ‘’r’’
2. Wignyan munine ‘’h’’
3. Cecak munine ‘’ng’’
4. Pangkon inggih punika sandhangan kanggo mateni aksara jawa nanging naming wonten pungkasan ukara utawi tembung.
Tuladha :
Pasar = Gawang =
Sawah =
Manuk =
b) Angka Jawa
Tuladha :
12 =
2007 =
56 = 8945 =
APRESIASI SASTRA
Kompetensi dasar : Ngapresiasiken susastra jawa, misalipun carito wayang,
naskah drama, lan geguritan
Indikator :
Nyariosaken watak tokoh
Nindakaken tokoh
Nyariosaken malih surasaning wacan
Saged nyekar jawi(macapat lan tembang dolanan
Tuladha :
Arjuna wiwaha
Prabu Niwatakawaca raja ing nagara Imarmantaka sowan menyang kahyangan saperlu nglamar Dewi Supraba. Dewa ora marengake, wusana dadi pasulayan, para dewa kalah. Gapura kahyangan banjur ditutup. Para wadya balane Prabu Niwatakawaca kandheg ing sakjabaning gapura kahyangan.
Amarga ora bisa ngalahake Prabu Niwatakawaca, Bathara Guru ya retune dewa golek satriya sing bakal dijaluki tulung mateni Prabu Niwatakawaca. Pamilihing dewa tumuju marang Raden Arjuna. Kala iku Raden Arjuna lagi tapa. Bathara Guru utusan widadari 7 cacahe supaya nggodha tapane Arjuna. Panggodhane ora mandi. Widadari mau banjur bali menyang kahyangan saperlu atur pelaporan.
Bathara Guru banjur tumuju ing papan tapane raden Arjuna ing Gunung Indrakila, kanthi memba dadi juru mbebedak aran keratarupa. Pranyata sing dumadi ing Indrakila diweruhi Niwatakawaca banjur utusan raseksa kanga aran muka supaya memba dadi celeng lan gawe kisruhe Indrakila. Celeng mau bisa dipateni. Matine celeng mau ndadekake pasulayan antarane Arjuna lan Keratarupa. Loro-lorone padha ngaku yen celeng mau sing mateni nganggo panahe. Nalika Keratarupa arep dibanting, banjur malih wujud dadi Bathara Guru, Arjuna banjur nyembah. Ing kono Bathara guru paring dhawuh supaya Arjuna gelem mateni Niwatakawaca lan Arjuna kaparingan panah Pasopati.
Budhale Arjuna menyang Imarmantaka dikancani Dewi Supraba. Ing kono Niwatakawaca bisa kapanah Arjuna ngepasi ing pengapesane banjur mati. Arjuna bali marang kahyangan lan kawiwaha dadi manten dhaup karo Dewi Supraba.
Nyekar Jawi
Tembang Macapat,ana 11 inggih punika gambuh, pangkur, sinom, dandanggula, asmarandana, pocung, megatruh, mijil, kinanthi, maskumambang, durma ananging kang dipun wulangaken dening kelas 5 namung Maskumambang, Mijil, kinanthi lan Pocung.
Tuladha :
POCUNG
6 6 5 3 i i i 2 6 6
Ba- pak pu cung la- ir- e ti- ni- tah
5 3 i 2 6 3 2 1
bi- su la mun ri- na ket- an
1 2 1 3 . 2 1 2 1 6
Pi- nar- su- di den te- men- i
6 1 2 3 2 2 1 6 3 5
Mung sa- ra- na pi- nan- dang wruh ba- sa-
2 3
Ni- ra
Tembang dolanan wonten kathah, gundul-gundul pacul, tekate, suwe ora jamu lan sapanunggalane saged dipunpilih.
Tuladha :
TEKATE
Tekate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk onde-onde
Mbok sir bombo
Mbok sir kate
Mbok si…r bombo…
Mbok si…r ka….te…
BAB III
PANUTUP
Kesimpulan :
- Minangka paring piwulang Basa Jawi wonten kelas 5 SD kita kedah mangertos gangsal (5) aspek inggih punika maos, nyerat, nyemak, micara lan apresiasi sastra kanthi leres uga kita kedah mangertos aspek-aspek piwulangan (afektif, kognitif, psikomotor).
- Dados Guru kedah saged digugu lan ditiru supados kita gadhah kawibawan (cara lungguh, mlampah, lan micara) wonten manahipun siswa kang nampi piwulang.
- Guru kedahipun saged ngolah kelas kanthi kondusif, mbungahaken, lan nepangaken sistim preventif, ampun nepangaken sistim represif.
1. Wibisana,Drs.2009.Pepak basa Jawi Anyar.Surakarta:Samodra Ilmu
2. Hermawan,Agus.2009. Semarang:PGSD FIP UNNES
3. Buku ‘’Seneng Basa Jawa’’ Desember2006 Semarang:ANEKA ILMU